Kasile Gotong Royong
Ing
sawijining desa ana pemuda kang wis akrab banget, yaiku Nabil lan Yayan. Bocah loro iku seneng banget nggawe ulah.
Sampek kanca-kancane sing liya
ora gelem nyedhak amarga mesti dijaili. Wektu iku sawise sekolah Nabil ngampiri
Yayan.
Nabil :
(nyablek pundake
Yayan) “Yan, ayo engko dolan!”
Yayan :
“Gaweanmu dolan ae. Kaya wong
wis pinter ae.”
Nabil :
“Halah gayamu. Gelem apa ora kowe?”
Yayan :
“Dolan nyang endi
lho?”
Nabil : “Ya embuh, pokok e
dolan ben kaya cah gaul ngono.”
Yayan : “Emmmm...
Ayo lek ngono. Tapi wegah aku lek sampek maghrib eneh!”
Nabil :
“Hehehe... ora-ora”
Yayan : “Gek nggawa duit apa ora?”
Nabil :
“Halah kuwi dirembug mengko
wae. Yawes aku arep mulih.”
(mlaku ngedohi Yayan)
Sakwise
iku Nabil lan Yayan dolan, bocah-bocah iku ora kelingan yen iki mau wayahe
kelompokan drama basa jawa, kanggo ujian praktek kelas 9.
Ing omahe Ajeng, Tasha, Titi lan
Ajeng ngenteni Nabil lan Yayan.
Cah telu kuwi ora ngerti nyandi parane Nabil lan Yayan.
Tasha : “Heh,
enek sing ngerti Nabil karo Yayan?”
Ajeng :
“Lhaiya, nyang endi cah loro iki,
maeng apa ndak krungu lek
enek kelompokan dina iki?”
Titi : “Apa njajal diparani
neng omahe ae?”
Ajeng :
“Omahe sapa?”
Titi : “Ya
omahe Yayan ae sing enek wong tuwane.”
Tasha : “Lek
ora enek piye? Gek iki urung latian blas lho ....”
Titi :
“Halah kuwi keri, sing penting anggotane wes enek kabeh.”
Ajeng : “Yawes kowe rana ae, aku neng
kene karo Tasha nggawe naskah dramane. Piye?”
Titi :
“Hmm.. Ya yen ngono. Sing apik lho ya critane?”
Tasha &
Ajeng : “Oke bos..”
Banjur
Titi mara menyang omahe Yayan. Ing kana Titi ora nemoni sapa-sapa. Akhire Titi
mbalik maneh lan nerusake nggawe naskah drama karo Tasha lan Ajeng. Akhire
dienten-enteni sampek maghrib Nabil lan Yayan ora ana sing ketok.
Titi : “Piye
ta bocah iki? Kok ora
enek sing ketok?”
Ajeng :
“Lhaya, lek panggah ora
gelem kelompokan ya
golek liyane wae.”
Tasha :
“Nah, setuju aku. Ya
wis aku pamit. Iki mesthi ibukku wis nggoleki.”
Ajeng :
“Oke. Dirembug sesuk neng sekolah ae. Bocahe ditakoni.”
Tasha : “Eh
iyo, aja lali sesuk nggawa teks
dramane.”
Titi :
“Gampang. Ya
wis ayo mulih. Aku pamit jeng.”
Tasha : “Aku
ya pamit.”
Ajeng :
“Oke, ati-ati.”
Tasha
lan Titi mulih amarga wis maghrib. Sesuk e neng sekolahan Ajeng, Tasha, lan
Titi rembugan bab drama basa jawa.
Kanggo ngisi wektu ngenteni Nabil lan
Yayan teka,
cah telu kuwi mau
ngrembug lagu
kang bakal digawe ngiringi drama.
Ajeng : “Ayo
saiki rembugan lagu kanggo
dramane. Gae lagu daerah ae.”
Titi : “Yo
angel lho kuwi, lha kowe apa isa?”
Ajeng : “Iki
lak ya lagu daerah ...”
(nembang gundhul-gundhul
pacul)
Tasha :
“Hahaha, kuwi lak ya tembang
dolanan e bocah ta..”
Ajeng :
“Hooh sakjane, tapi kan ya lagu
daerah.”
Titi : “Aja! Diganti liyane
ngono lho.”
Ajeng :
“Jajal. Kowe isa apa ora?”
Tasha : (nembang lagu pop)
Titi : “Lha
kuwi apa dudu lagu pop? Hahaha.”
Tasha :
“Hahaha, lha aku ora iso lho.”
Ajeng : “Yawes diganti lagu
campursari ae ya.
Prau layar piye?”
Tasha : “Yawes kuwi wae. Sing nembang aku ya..”
Titi : “Sembarang,
Sha. Pokok aja
aku.”
Sing
dienteni mara-mara teka karo mlayu. Ora rumangsa lek dienteni.
Yayan : “Heh
cah wis pada
latian drama? Kelompoke dhewe piye?”
Titi : “Pikiren dewe Yan!”
Nabil : “Heh
iki tenanan lho...”
Ajeng : “Lha
kowe dhek wingi nengdi?”
Nabil :
“Nyapo aku sing kok takoni?”
Tasha : “Lha
wayahe kan kelompokan, kowe ya
wis diomongi.”
Nabil :
“Kapan lekmu omong?” (mulai nesu)
Ajeng : “Kowe wis pikun ya?”
Bu Guru :
“Heh enek apa
iki?”
Titi :
“Niki, Bu. Yayan kaliyan Nabil kalawingi mboten kelompokan drama.”
Bu Guru :
“Lha geneya ora kelompokan?”
Yayan : “lha
ancen ora diomongi lo, Bu.”
Bu Guru :
“Iyo ta, Ndhuk? Ora kok
omongi?”
Ajeng :
“Sampun, Bu. Tapi mboten dugi.”
Bu Guru :
“Lha kuwi kowe ora teko..”
Nabil : “Ora
diomongi, Bu.
Bu Guru : “Halah
wis, ora usah ngeyel, ndang gek latian terus maju tampil.”
Sakwise
iku, bocah lima iku latihan sedelut banjur tampil kanggo drama basa jawa.
Amarga gotong royong akhire kelompok e iso nampilake drama kang apik lan akeh
kanca-kancane sing seneng.
Titi : “Apik
banget gayamu, Cah. Jan pantes dadi artis.”
Tasha : “Ya jelas lah. Sapa disek ....”
Ajeng :
“Bil, Yan, nyapo meneng ae ki? Wis sukses lho..”
Yayan : “Aku
njaluk ngapura
ya, Cah.”
Nabil : “Aku
barang, Cah.”
Tasha :
“Halah ora apa-apa. Sing penting iki
wis sukses.”
Bu Guru :
“Lhaya ngono. Lek gotong
royong bareng kan isa
apik hasile.”
Nabil :
“Kula nyuwun pangapunten, Bu. Amargi sampun mboten sopan kaliyan panjenengan.”
Yayan :
“Kula nggih nyuwun ngapura,
Bu.”
Bu Guru : “Yawis ora apa-apa. Mulane aja diterusne anggonmu ndugal kuwi!”
Yayan
lan Nabil mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sakwise kuwi bocah lima maeng oleh
biji praktek kelompok uga apik e. Gotong royong lan kerja keras iku bisa
ndadekake samubarang gawe dadi gampang lan oleh kasil kang muasne.
saran dari drama bahasa jawa tersebut apa?
BalasHapus