Kamis, 08 September 2016

DIALOG LAIRE ABIMANYU

LAIRE ABIMANYU
Kresna : Werkudara, wes eruh Putrane Arjuna?
[Werkudara meneng]
Arjuna             : Kakang Mas, wonten menapa kok namung kendhel?
Werkudara      : Iki Anakmu tak gendong, oleh tak pek anak ora?
Arjuna             : haduh kakang Mas, nembe menika kula badhe dados Bapak.
Werkudara      : ora oleh?
Arjuna             : Nyuwun pangapunten Kakang Mas,
Werkudara      : Yen ngono tak melu ngaku Bapak wae.
Arjuna             : Nyuwun pangapunten Kakang Mas.
Werkudara      : Tak melu ngopeni karo ngragati urip'e wae...
Arjuna             : Nyuwun pangapunten Kakang Mas, kula taksih kiat.
Werkudara      : Titenono, yen enek apa-apa  karo bayi iki jo njaluk tulung aku....
[ Werkudara mlayu tanpa pamit.]
Kresna ngomongi Arjuna
Kresna             : Arjuna…
Arjuna             : Wonten dhawuh koko prabu...
Kresna             : kok Bodho temen to kowe...!!!
Arjuna             : pripun?
Kresna             : Koe jik eling Werkudara kae saka ngendhi?
Arjuna             : Saking nggayuh Wahyu Hidayat.
Kresna             : Mudeng salah mu?
Arjuna             : Duh .... kakang masssss....
 [ Arjuna mlayu nggoleki Werkudara, deweke eruh yen kangmase wis nglanggar Pantangan, lan weruh Wahyu wis pindah neng Bayi kuwi]
Arjuna ketemu Werkudara ing Taman Amarta lan ing mburine ditutne Kresna sing nggendong Jabang Bayi.
Arjuna              Kakang Mas...
Werkudara       Ngaliyooooooo....
Kresna             : Werkudara... Reneo tak kek'i Anak sing mbuk Karepke...
Bima                : ora nompo wakilan,
Kresna             : arjuna, nyoh kekno Kakang mu [ karo ngekekne Bayi neng pangkuane Arjuna]
Arjuna             : Kakang Mas kula aturi mendhet jabang bayi punika.
Werkudara nyahut Bayi kaya narik pedang.
Arjuna             : ngatos-atos Kakang Mas.
Werkudara       Sak karep ku. ki wes dadi anak ku.

Werkudara ngekeki ajian marang bayi iku, banjur jabang bayi ngombe keringete Werkudara lan sanalika si jabang bayi dadi jaka sing bagus rupane sing dikeki jeneng Abimanyu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Komentar yang baik ya