Tampilkan postingan dengan label BAHASA JAWA. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label BAHASA JAWA. Tampilkan semua postingan

Rabu, 04 April 2018

SENGKALAN

Taun
Sengkalan
Prastawa
1399
Lawang Trus Unaning Janma
Pengetan pembangunan Masjid Demak
1403
Geni Mati Siniram Janmi
Ngadeke Keraton Demak
1443
Geni Dadi Sucining Jagad
Minangka prasasti wayang sepisanan ditatah ing lulang wedhus dening Kangjeng Sunan Kalijaga.
1529
Gapura Sinupit Mangkara Manunggal
Mulai dibangun makam Imogiri masa pemerintahan Sultan Agung
1554
Sucining Driya Marganing Swarga
Pembangunan makam Imogiri tuntas
1682
Dwi Naga Rasa Tunggal
Ngadeke Keraton Yogyakarta lan palihan Nagari, yaiku pecahe Kerajaan Mataram dadi Kasultnan Yogyakarta lan Kasunanan Surakarta
1701
Yitna Windu Resi Tunggal
Pembangunan serambi Masjid Agung Yogyakarta dening Sri Sultan Hamengku Buwana I
1796
Rebahing Gapura Swara Tunggal.
Lindhu ing Yogyakarta sing nyebabake runtuhe serambi Masjid Agung Yogyakarta
1926
Tirta Muluk Tanpa Swiwi
Kadadosan Tsunami ing Nangroe Aceh Darussalam
1928
Hoyag Kombul Suwunging Pandulu
Lindhu ageng ing Bantul lansakkiwa tengenipun

TEKS DRAMA BASA JAWA JAKA TARUB


MR      : Mbok Randha                                              SK        : Soma Kampret
JT         : Jaka Tarub                                                    W         : Widadari
ADEGAN I
Ing omahe, Mbok Tarub karo Jaka Tarub lagi ngrembug babagan pepinginane Mbok Randha Tarub enggal duwe putu, nanging Jaka Tarub isih durung pengin palakrama. Kapara malah ora kepengin palakrama yen ora oleh widadari. Katungka tekane Soma Kampret kang ngajak Jaka Tarub golek manuk ing alas.
MR         : “Le Tole… mambengi mbok kok ngipi nduwe putu! Kapan ta jane kowe rabi? Umurmu lo wis pira Le?”
JT            : “Pripun Mbok? Wayah? Wayahipun tanggi nika lo pun katah. Panjenengan nyuwun setunggal mawon mangke dipunparingi.”
MR         : “Gundulmu athos Le.. Rumangsamu gawe anak iku penak? Anak kuwi ora sokor mbrojol tapi ana prosese Le. Umurmu lo wis tuwek, apa ora sir nduwe anak?”

Kamis, 08 September 2016

DIALOG LAIRE ABIMANYU

LAIRE ABIMANYU
Kresna : Werkudara, wes eruh Putrane Arjuna?
[Werkudara meneng]
Arjuna             : Kakang Mas, wonten menapa kok namung kendhel?
Werkudara      : Iki Anakmu tak gendong, oleh tak pek anak ora?
Arjuna             : haduh kakang Mas, nembe menika kula badhe dados Bapak.
Werkudara      : ora oleh?
Arjuna             : Nyuwun pangapunten Kakang Mas,
Werkudara      : Yen ngono tak melu ngaku Bapak wae.
Arjuna             : Nyuwun pangapunten Kakang Mas.
Werkudara      : Tak melu ngopeni karo ngragati urip'e wae...
Arjuna             : Nyuwun pangapunten Kakang Mas, kula taksih kiat.
Werkudara      : Titenono, yen enek apa-apa  karo bayi iki jo njaluk tulung aku....
[ Werkudara mlayu tanpa pamit.]
Kresna ngomongi Arjuna
Kresna             : Arjuna…
Arjuna             : Wonten dhawuh koko prabu...
Kresna             : kok Bodho temen to kowe...!!!
Arjuna             : pripun?
Kresna             : Koe jik eling Werkudara kae saka ngendhi?
Arjuna             : Saking nggayuh Wahyu Hidayat.
Kresna             : Mudeng salah mu?
Arjuna             : Duh .... kakang masssss....
 [ Arjuna mlayu nggoleki Werkudara, deweke eruh yen kangmase wis nglanggar Pantangan, lan weruh Wahyu wis pindah neng Bayi kuwi]
Arjuna ketemu Werkudara ing Taman Amarta lan ing mburine ditutne Kresna sing nggendong Jabang Bayi.

Senin, 23 Februari 2015

Drama Basa Jawa 6 orang

Kasile Gotong Royong
Ing sawijining desa ana pemuda kang wis akrab banget, yaiku Nabil lan Yayan.  Bocah loro iku seneng banget nggawe ulah. Sampek kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhak amarga mesti dijaili. Wektu iku sawise sekolah Nabil ngampiri Yayan.
Nabil : (nyablek pundake Yayan) “Yan, ayo engko dolan!”
Yayan : “Gaweanmu dolan ae. Kaya wong wis pinter ae.”
Nabil : “Halah gayamu. Gelem apa ora kowe?”
Yayan : “Dolan nyang endi lho?”
Nabil : “Ya embuh, pokok e dolan ben kaya cah gaul ngono.”
Yayan : “Emmmm... Ayo lek ngono. Tapi wegah aku lek sampek maghrib eneh!”
Nabil : “Hehehe... ora-ora”
Yayan :  “Gek nggawa duit apa ora?”
Nabil : “Halah kuwi dirembug mengko wae. Yawes aku arep mulih.” (mlaku ngedohi Yayan)
Yayan : “Oke-oke. Engko neng o mahku.”

Minggu, 14 September 2014

Pidato Basa Jawa Ngoko Dampak Globalisasi

Berikut ini adalah contoh pidato yang menggunakan bahasa Jawa tentang dampak globalisasi


Assalamualaikum Wr. Wb.

Sing dak tresnani kanca-kancaku kelas 9A kabeh. Sepisan ayo kita ndedonga syukur ing ngarsane Gusti Allah kang maha kuasa kang maringi nikmat sing ora ana enteke.

Sabtu, 30 Agustus 2014

Lirik Lagu Alun-Alun Nganjuk

ALUN-ALUN  NGANJUK

Lunga tak anti – anti kapan nggonmu bali
Mecak’e endahing wengi kutha Nganjuk iki
Sumilir angin wates nggugah kangene ati
Apa kowe ora ngerteni
Kowe tak kangeni

Ning alun – alun tak goleki
Terminal stasiun tak ubengi
Senajan setahun tak enteni
Tresnamu sing tak gondheli

Lali tenan to dhik nggonmu janji – janji ?
Disekseni lampu alun – alun iki
Lali tenan to dhik karo aku iki ?
Ning terminal stasiun nggonku nggoleki



Rabu, 27 Agustus 2014

Jaka Bereg Basa Jawa



Jaka Bereg

Ing sawijining dina mulih tekan dolan Jaka Bereg takon marang ibune Dewi Sangkrah sing akrab di celuk Roro Blengoh menawa sopo asline ramane. Roro Blengoh banjur crita marang Jaka Bereg ramane yaiku Adhipati Jayengrana ing Kadipaten Surabaya. Roro Blengoh banjur nyritakake kedadeyan 13 tahun kepungkur yen dheweke iku mung selire Adhipati Jayengrana sing mulih marang Bapa lan Ibune.