Minggu, 14 September 2014

Pidato Basa Jawa Ngoko Dampak Globalisasi

Berikut ini adalah contoh pidato yang menggunakan bahasa Jawa tentang dampak globalisasi


Assalamualaikum Wr. Wb.

Sing dak tresnani kanca-kancaku kelas 9A kabeh. Sepisan ayo kita ndedonga syukur ing ngarsane Gusti Allah kang maha kuasa kang maringi nikmat sing ora ana enteke.

Ing kalodhangan iki aku arep ngrembug dampak globalisasi. Ing globalisasi iki akeh owah-owahan ilmu pengetahuan lan teknologi sing bisa kita temoni lan kita rasakne ing urip kita. Semono uga dampak kanggo basa nasional kita yaiku basa Indonesia kanthi anane budaya lan ideologi  saka bangsa liya. Akeh manfaat lan kekurangane saka dampak globalisasi tumrap basa Indonesia yaiku segi positife basa kita wis dikenal karo dunia internasional. Dampak liya sing kita rasakne yaiku wong Indonesia wis ora mongkog karo basane dewe tapi malah mongkog karo basa negrine wong liya. Kuwi mau contohe dampak sing negatif. Cara ngrampungake masalah iku yaiku ngulinakake basa Indonesia sing becik lan bener sarta etika lan budaya kita marang generasi enom.

Cukup sakmene pidata sing bisa tak andharake, yen ana salah aku nyuwun ngapura. Kesimpulane ayo pada sinau basa kita sing apik lan bener sarta tuduhna budaya lan basa kita supaya kita dadi warga Indonesia sing bener.


Wassalamualaikum Wr.Wb.

7 komentar:

Komentar yang baik ya