Rabu, 04 April 2018

TEKS DRAMA BASA JAWA JAKA TARUB


MR      : Mbok Randha                                              SK        : Soma Kampret
JT         : Jaka Tarub                                                    W         : Widadari
ADEGAN I
Ing omahe, Mbok Tarub karo Jaka Tarub lagi ngrembug babagan pepinginane Mbok Randha Tarub enggal duwe putu, nanging Jaka Tarub isih durung pengin palakrama. Kapara malah ora kepengin palakrama yen ora oleh widadari. Katungka tekane Soma Kampret kang ngajak Jaka Tarub golek manuk ing alas.
MR         : “Le Tole… mambengi mbok kok ngipi nduwe putu! Kapan ta jane kowe rabi? Umurmu lo wis pira Le?”
JT            : “Pripun Mbok? Wayah? Wayahipun tanggi nika lo pun katah. Panjenengan nyuwun setunggal mawon mangke dipunparingi.”
MR         : “Gundulmu athos Le.. Rumangsamu gawe anak iku penak? Anak kuwi ora sokor mbrojol tapi ana prosese Le. Umurmu lo wis tuwek, apa ora sir nduwe anak?”

JT            : “ Sepuh pripun ta Mbok? Kula lo taksih jaka ting-ting, luwih becik kula dhateng alas kalih Soma Kampret tinimbang mikiraken sandhang lan pangan putra kaliyan garwa.”
MR         : “Yowis lah, karepmu! Pancen kowe cilik metisil ireng njlentheng, makane ta ora payu. Tak payokne paling ya ora enek sing gelem.”
JT            : “Hoalah Mbok. Lhawong kula cemeng manis kados arjuna, masak ta mboten wonten sing purun? Mula kula mboten rabi amargi ngrantos widadari mandap saking kayangan. Masak arjuna rabi kalih tiyang ndesa.”
MR         : “Yawes Le, lek kowe wegah rabi, tak aku ae sing rabi.”
SK           : “Joko…Joko…Joko…”
JT            : “Oe… ana apa Pret?”
SK           : “Aku mau weruh manuk apik miber mlebu alas, ayune kaya widadari. Ora sir mburu? Mumpung aku gawa tulup.”
JT            : “Tenane ta Pret? Yawis yoh. Mbok, kula pados widadari. Njenengan dongakne nggih”
MR         : “Woo… pancen cah edan.”


ADEGAN II
Ing tengah alas, Jaka Tarub karo Soma Kampret lagi golek manuk. Dumadaken weruh ana kumlebate para widadari kang tumuju ing sawijining tlaga. Jaka Tarub karo Soma Kampret
nginceng saka grumbulan lan sabanjure Jaka Tarub nyolong salah sijine slendhange widadari. Widadari sing kelangan slendhang lan ditinggal widadari liyane bali menyang kahyangan nangis-nangis banjur gawe sayembara. Sapa sing bisa aweh slendhang, yen wadon dipek sedulur, yen lanagarep disuwitani utawa didadekne bojo. Jaka menehi sarung marang Dewi Nawang Wulan.
JT            : “Pret Kampret… Pret Kampret…”
SK           : “Ana apa ta jane?”
JT            : “Pener omongmu lha kae lo widadarine ayu banget kaya bintang film.”
SK           : “Heleh endi lo? Widadari ning kene ya kepanasen ta Le..Le..”
JT            : “Kae lo sawangen. Jane mripatmu katut ketulup apa piye ta?”
SK           : “Menenga ta! Aku sik nulup manuk ki lo. Kleru kowe ngko sing tak tulup.”
JT            : “Wista melu aku yoh!”
SK           : “Eladalah… kuwi widadari ta Jok? Kok ayu temen ta. Aku ngipi ta iki?”
JT            : (Meneng tok karo ngowoh)
SK           : “Iki wis surup. Yoh mulih! Goleki mbokmu we ngko.” (SK ngalih mlaku dhisik)
JT            : “Aku kudu iso ngrabi widadari iki. Kayata lagi kebanjiran segara madu, kapan maneh widadari ana ing kene. Tapi piye ya carane? Woo iya ya, apa tak jupuk slendhange wae ya? Ben ora iso mulih.” (njupuk slendhange)
W            : “Duh Gusti.. nyang endi iki slendhangku? Piye iki ndonya wis surup, nanging aku ora iso mulih. Duh Gusti… tulungana aku. Aku sumpah yen ana sing bisa nemokake slendhangku, yen wadon bakal tak dadekne sadulur, yen lanang bakal tak dadekne bojo.”
JT            : “Ana apa Putri sliramu kok melasne ati? kena apa nangis neng kono dhewekan? Wes gedhe semana masa nangis. Opo ora isin
W            : “Hahh.. Sopo kuwi sing takon. Kok ora ana wujude?”
JT            : “Aku nyang kene, makane ta nduk madepo mburi”
W            : (nyawang mburine), “ Subhanalloh sampeyan niki sinten?
JT            : “Ora kenal aku ta? Aku Jaka Tarub pemudha paling bagus, paling ganteng, paling cakep ing desa iki.
W            : “Jaka Tarub?, Woo berarti sampeyan ingkang tukang ndamel tarub ana mantenan-mantenan niku ta? Hooh mboten lintu maneh”
JT            : “E.. kok ngawut, aku ki Jaka Tarub dudu sing tukang nggawe Tarub.”
W            : “ O.. ngoten”
JT            : “ Saiki aku banjur takon. Sampeyan ki jenenge sapa, lan ana apa kok sedhih banget?”
W            : “ Kula Nawang Wulan, widadari saking kayangan. Pripun ta Kangmas, slendhang kula ical lan kula mboten ngertos wonten pundi. Mula kula mboten saged wangsul  wontenkayangan.”
JT            : “ O.. ngono critane, kok melas temen. Kepriye lek sampeyan melu aku wae”
W            : “ Tumut wonten pundi Kangmas?”
JT            : “Nyang omahku, wes ayo aja panggah kakean takon wae. Tinimbang nyang kene dewe”
W            : “Yawes kula tak melu sampeyan mawon”
JT            : “Iki lo sarungku gaenen dhisik. Sliramu kayake kok kademen.”
W            : “Maturnuwun Kangmas.”
ADEGAN III
Ing omahe Nyi Tarub. Jaka Tarub oleh restu lan sida urip bebrayan karo Dewi Nawang
Wulan.
MR         : “Lho…lho…lho Sapa kuwi Le? Ayune kok sundha langit. Lekmu nemu nendi? Nyolong wek e sapa? Alhamdulillah bariki aku nduwe putu.”
JT            : “Hahaha… Leres ta Mbok kandhaku. Kula pikantuk widadari.”
MR         : (Kaget banget)“Tenan ye Le kuwi widadari?”
W            : “Inggih Bu, kula niki widadari saking kayangan. Mulane kula niki ayu sanget.”
MR         : “Heleh..heleh ayu banget ta kowe Nduk.. Yawes mlebu o. Jok jaken mangan-mangan kana Jok!”
W            : “Ngapunten Bu, kula mboten maem saklintune sekar melati.”
MR         : “Yawes kana methilo ning ngarep omah. Ojo dientekne lo ya… Mboke ya doyan.”
JT            : “Iso-iso ae Mbok.”
(bengi)
JT            :  “Dik, rasa-rasane kok aku tresna marang sliramu.”
W            : “Tresna niku napa ta Mas?”
JT            : “Eladalah… tresna kok ya ora ngerti.”
W            : “Mboten Kangmas.”
JT            : “Dik, sliramu apa sudi urip bebrayan karo Kangmas?”
W            : “Inggih Kangmas, kula purun amargi kula nggih tresna kalih njenengan.”
JT            : “Mbok… entenana bariki kula rabi”
MR         : “Ya mbok ngono. Gek ndang gaekno putu ya. Muga-muga anggenmu bebrayan tansah pinaringan kawilujengan.”
W            : “Inggih maturnuwun Bu. Pangestunipun panjenengan.”
W            : “Mas, rabi niku napa lo Mas?”

2 komentar:

Komentar yang baik ya