Rabu, 27 Agustus 2014

Jaka Bereg Basa Jawa



Jaka Bereg

Ing sawijining dina mulih tekan dolan Jaka Bereg takon marang ibune Dewi Sangkrah sing akrab di celuk Roro Blengoh menawa sopo asline ramane. Roro Blengoh banjur crita marang Jaka Bereg ramane yaiku Adhipati Jayengrana ing Kadipaten Surabaya. Roro Blengoh banjur nyritakake kedadeyan 13 tahun kepungkur yen dheweke iku mung selire Adhipati Jayengrana sing mulih marang Bapa lan Ibune.
          Wis telung tahun kliwat, Jaka Bereg wis ora sabar kepingin sowan marang ramane. Satekane ing Kadipaten Surabaya, Jaka Bereg langsung dipapag karo para prajurit. Akhire Jaka Bereg bisa nglawan para prajurit iku maeng, lan selanjute Jaka Bereg dikroyok dening lara putrane Adhipati yaiku Sawungsari lan Sawungrana.
          Banjur ramane teka , lan Jaka Bereg sing diceluk Sawunggaling nyritakake sapa asmane ibu lan eyange. Sawunggaling sing ora liyo anake Adhipati Jayengrana langsung dirangkul lan dijak mlebu ing njero Kadhipaten.
          Ing sawijining dina, Kadhipaten Surabaya katekan Kompeni Walanda sing arep nyerang. Adhipati Jayengrana gugur ing perang iku. Kanggo ngisi kakosongan paprentahan ing Kadhipaten Surabaya, Kanjeng Sri Pakubuwono I nganakake sayembara ing kraton Kartasura. Sayembara sing bisa nyodor umbul-umbul Yudha ing pucuking menara Galah bakal diparingi bebana dadi satriyo pinunjul lan dadi Adhipati ing Surabaya. Para nom-noman akeh sing melu uga Sawungrana,Sawungsari,lan Sawunggaling. Sawunggaling menangake sayembara iku.
          Sawunggaling mrentah Kadhipaten Surabaya .Para kawula urip tentrem ayem, murah sandhang, pangan lan papan. Kadhipaten Surabaya saya maju lan kuat. Pungkasane crita , Kompeni Walanda ngerigake bala tentarane kanthi senjatane kang luwih maju lan luwih modern. Sawunggaling gugur ing madyaning palagan rikala dumadi perang gedhe antarane Kadhipaten Surabaya mungsuh Walanda. Lan dadi kusumaning bangsa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Komentar yang baik ya